Tembung Sanepa

sanepa

Apersepsi;
Bandingake pepindhan lan sanepa kanthi tuladha
“Eseme legi madu” lan “Eseme pait madu”
Padhane; padha=padha tembung kang ateges mbangetke
Bedane ; tembung kang deiengge;
 ”Legi madu” tembung kang gadhah teges sami kaliyan tembung kang kaserat.
 “Pait madu” kalebet tembung kosok balen.
1. Tegese sanepa
Sanepa yaiku unen-unen bangsane pepindhan, angemu surasa mbangetake, nanging nganggo tembung sing tegese kosok balek karo karepe.
2. Tuladha :
Ambune arun jamban = ambune banger banget
Awake kuru aking = awake kuru banget
Balunge atos debog = balunge empuk banget
Barang aji godhong garing = barange ora aji babar pisan
Bobote abot kapuk = bebeote abot merang segedheng = bobote entheng banget
Cahyane abang dluwang = cahyane pucet banget
Dedege dhuwur kencur = dedege cendhek banget
Enggale suwe banyu sinaring = wektune cepet banget
Eseme pait madu = eseme manis banget
Kawruhe jero tapak meri = kawruhe sethitik
Tatune arang kranjang = tatune kaeh banget
Kulite wuled gedhong lumbu = kulite mbedhel banget
Lemune banjo tampah = lemune bunder banget
Pekulitane kuning silit kwali = pakulitane ireng banget
Pamadenge kadhep tesmak = pamandhenge njinggleng
Pikirane landhep dengkul = pikirane bodho banget
Playune lonjong botor = playune banter banget
Playune rindhik asu digithik = playune banter banget
Polehe enteng kitiran = polehe rogeh banget
Rasane legi bratewali = rasane pait banget
Rembuge peret beton = rembuge peret banget
Sesrawungan renggang gula = sesrawungange raket banget
Tembunge pait madu = tembunge manis banget
Tembunge resik peceren = tembunge rusuh banget
Ulate bening leri = ulate mrengut/mbesengut banget.
Utenge arang wulu kucing = utange akeh banget
Wektune suwe mijet suwe wohing ranti = wektune sedhela banget
Wujude agal glepung = wujude lembut banget
Adheme njengkut = adhembanget
Petenge dumuk irung = peteng banget
3. Carane gawe tuladha sanepa
a) Damela tembung asalipun kadosta ; “mripat”
b) Tembung ingkang kalih, tembung kosok balen; “merem”
c) Tembung sakbanjure uga tembung kang gadhahi sipat kosok balen; “iwak”
d) Karengken dados “ mripate merem iwak” tegese (mripate melek wae).

2 Response to "Tembung Sanepa"

  1. nia says:

    Trmksh infonya

    nia says:

    Trmksh infonya

Posting Komentar

powered by Blogger | WordPress by Newwpthemes